Sastra, Refleksi, Panduan Praktis, Pembelajaran, Kreasi Kinanthi
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Bab 1 Novel Jawa
Bab 1
Wanci tengange kira-kira jam rolasan. Bedhug lohor wis ditabuh wiwit setengah jam kepungkur. Panas tansaya krasa sumelet wulan Oktober iki. Panas-panase mangsa. Godhong tansaya akeh kang garing. Wit-witan akeh kang mati. Sawah-sawah ya katon ora keduman banyu. Yen nyawang dalan saka kadohan kaya nyawang banyu ngombak-ombak. Srengenge prasasat ora nduweni welas. Nalika nyoba mancik lemah tanpa sandhalan sikil kaya keslomot banyu panas, banjur njingkat mlaku jinjit sakwise krasa kepanasan. Bu Wardaya pinarak ana lincak ing ngarepe lawang pawon sajak tumungkul karo kipas-kipas. Kipas gaweyan kerajinan nalika tindak sambang menyang Jogyakarta. Penggalihe kaya diuleni yen mikir kelakuwane putrane sing mbarep karo sing ragil. Sakjane wis bola-bali dielingake menawa tumindake bocah sing saiki wis dadi uwong kuwi kanggone ibune ora bener, luput, nanging ora digatekake. Kekarone prasasat buntu kupinge.
“Wis mbok elingake adhimu, Tin?” dangune bu Wardaya marang Titin putrane sing nomer loro. Titin sumaur karo nyaosi pelem gadhung sing wis dionceki. Bu Wardaya mundhut sairis nganggo garpu,
“Legi tenan ya, Tin. Pelem mateng nguwit iki.”
“Legi maneh sing dipangan codhot, Buk,”aloke karo ngiris pelem sing dicekel, diaturake ibune.
“Mosok direken Buk, omonganku. Arek loro iku wis
gak nurut,” Titin sumaur nganggo basa Surabayan, amarga wiwit lahir nganti saiki manggon ana wilayah Sidoarjo. Bu Wardaya senajan wis suwe prasasat wiwit manten anyar ndherekake swargi pak Wardaya ing Sidoarjo, nanging ngendikane isih durung bisa malih. Yen ngendikan isih nganggo basa Jawa Mataraman.
“Wingi wonge mrene nggawa BMW, Mbak. Aku diajak muter-muter perumahan sing dienggoni saiki,” critane Sulistyani nyedhaki mbakyune sing nyekel sapu katone arep nyaponi omah.
“Temen ta? Awakmu sik tas kenal ngono se. Ati-ati
lho sopo ngerti mbujuki,” Titin semune ngelingake adhine karo isih nyapu-nyapu.
“Awakmu ojok ngono Tin. Iku jenenge nggembosi.
Sopo ngerti Viki sing ngesir Sulis iku pancen wong sugih? Awak ndhewe engko rak kecipratan yo, Lis,”saute kangmase sing mbarep sajak mbelani adhine. Dheweke lungguh kursi pojokan teras ngarep sinambi ngrokok.
“Mesthi ae Mas. Biyen aku sik urip karo bojoku sing lawas aku yo gak medhit ngono se. Peyan nek utang
dhuwit mesthi tak utangi. Malah sampek saiki sik durung mbok saur ngono lho, utang sepedah motor beat sing kok gawe wira-wiri iku rak nganggo dhuwitku se, ”sumaure Sulis melu lungguh njejeri kangmase.
“Arek loro iki dhuwik ae, dhuwik ae sing diomong. Bosen aku,”saute Titin banjur ngalih ninggalake kekarone. Dheweke banjur mlaku nyang pawon nemoni ibune.
“Angel dikandhani, Buk.”
“Didongakake wae, ben keturutan karepe. Adhimu sakjane ya pancen ayu. Sulistya ing rupa, padha karo jenenge. Ora luput yen kepingin urip mulya. Nanging kanggo apa yen milih bojo mung nggoleki dhuwite akeh apa ora? Milih bojo kuwi mbok yo ngarah sing becik bebudene, syukur sugih. Ora kok sugih dhisik sing digoleki, becik alane bebudene dipikir keri. Mengko yen keblasuk kaya sing ndhisik piye?”
“Sakjane sing ndhisik uwonge apik kok, Buk. Sulis ae sing kurang blanja. Diblanjani pira-pira mesthi kurang.”
“Sakjane karepe apa ta?” bu Wardaya isih ora mudheng karepe Sulis amarga wiwit cilik digulawentah urip prasaja ora neka-neka.
“Sulis iku seneng sing endah-endah, sing apik-apik.
Yen nduwe karep kudu enggal dituruti.”
“Kabeh uwong mesthine ya padha kaya ngono kuwi, Tin,” pungkase bu Wardaya. “Awake dhewe ya seneng, nanging yen dhuwite pas-pasan njur piye? Sulis kuwi kok ya angel tenan ta, yen dikandhani.”
“Nanging Sulis kepengen nuruti krentege atine, Buk. Mestine ya ora salah angger bayarane cukup.”
“Bayarane cukup ora, yen dienggo nyandhang sing apik-apik tur larang-larang? Mlebu metu mall, mangan yen ora nyang rumah makan sing wis kondhang ora gelem. Kelakuwan ngono kuwi niru sapa?” ngendikane bu Wardaya semune susah.
“Dheweke sik diuji, Buk.”
“Diuji sapa?” bu Wardaya gumun amarga ora rumangsa lagi nguji putrane.
“Diuji Gusti Allah.”
“Didongakna ae cek lulus,” Titin sumaur karo menyat, arep nyaponi latar sing wis kebak godhong garing saka wit pelem. Pelem gadhung uwohe pating grandhul nyenengake. Sesuk esuk arep dipanen. Biasane sakwise dipanen, bu Wardaya ngedum pelem kanggo tangga kiwa tengen. Asil panene pelem mesthi akeh, nganti pirang-pirang ember. Peleme mateng nguwit, dadi rasane legi banget.
Sulistyani durung metu saka njero kamar wiwit dheweke sembahyang Magrib. Ibune wis tata-tata nyepakake piring karo sendhok lan garpune, ora lali sega sak lawuhe. Tumis kangkung lawuh gimbal urang karo krupuk lan sambel trasi isih ditambahi tahu lan tempe goreng.
“Lis, ayo mangan, Ndhuk.” Bu Wardaya nothok
lawang kamare Sulis. Sing ditimbali ora mangsuli. Kira-kira wae ora krungu. Mula ibune banjur mbukak lawang. Sulistyani isih nyekel gawai sajake isih video call karo Viki.
“Ngobrol karo sapa?”
“Viki, Buk.”
“Ayo, enggal mangan. Selak bengi mengko yen adhem kabeh panganane malah ora enak. Jaremu seneng yen tempe tahune isih anget. Kae lho wis ngawe-awe.”
Sulis nutup gawaine banjur ngetutake ibune metu saka kamare. Kekarone banjur lungguh nyang kursi.
“Lis. Atine ibu kok ora kepenak ya. Ibu kok ora percaya omonge Viki?” ngendikane bu Wardaya sareh sinambi maringi gimbal urang. Sulis sajak rada nesu.
“Apa aku gak pantes ta Buk, rabi wong sugih sing luwih enom?”
“Sapa sing ngarani ora pantes. Sliramu kuwi ayu. Nanging sliramu isih durung tepung suwe, ta? Ngapa kok gampang men percaya?”
“Tapi Viki pengen nglamar aku maringono rabi.”
“Kuwi ibu sing rada kabotan.”
“Terus ya’apa Buk? Mosok aku gak sida rabi?”
“Ya wis ora apa-apa. yen Kowe wis rumangsa mantep. Nanging sing ati-ati. Wiwit wingi atiku ora kepenak.”
“Ibuk salat tahajud ae lho.”
“Ya uwis ta Ndhuk. Atiku malah tansaya ora kepenak.”
Mbakyune nyedhaki kekarone banjur nerusake dhawuhe ibune,
“Ojok diterusna ngono iku. Ibuk lho sakjane gak setuju. Awakmu kerja adoh keluwarga. Nek diapusi Viki ya’apa? Sopo sing mbelani awakmu?”
“Mosok bojone diapusi?” Sulis sumaur karo dolanan gawai. Ora nyawang kiwa tengene.
“Lho yo akeh contone Lis. Vita iku. Bojone ngakune duwe proyek gede, Vita dijaluki dhuwit...
“Kok ya manut wae si Vita. Kudune rak yo diduduhake proposale sakdurunge njaluk dhuwite Vita,”bu Wardaya nyaut omonge Titin,”Lis. Yen diajak ngomong aja ndhingkluk karo dolanan henpon ta, Ndhuk. Ora pantes ngono kuwi. Mengko ben aja ditiru keponakanmu, anake mbakyumu kuwi lho,”ibune sajak duka.
Sulis meneng, mateni gawai, banjur nyawang mbakyune sing sajake arep crita.
“Gak wani Buk. Bojone nyentak-nyentak yen njaluk dhuwit. Mulane Vita diajak mulih nyang omahe wong tuwane ben gampang anggone ngapusi Vita. Pungkasane mobile Vita sing dienggo kerja diedol jare disita. Ditakoni jenenge sing nyita ora gelem ngakoni, kamangka iku mobil jenenge Vita sing dituku sakdurunge rabi karo bojone. Rak gampang sakjane saumpama gelem blaka sapa jenenge sing nyita mobile Vita, isok lapor polisi. Kasus penggelapan ya?”
“Saiki piye rumah tanggane Vita?” dangune bu Wardaya.
“Yo pegatan Buk. Bojo wis gak jujur ora menehi blanja, malah ngedol donyane wong wedok sing dituku sakdurunge dirabi. Alasane yo ora genah. Mencla- mencle ora blaka.”
“Viki mengkone njur kaya ngono, Lis?”
“Yo embuh Mbak. Peyan dongakna ae sing apik.”
“Peyan kuwi apa ta?” dangune bu Wardaya.
“Peyan iku sampeyan, Buk,” jawabe Titin karo ngguyu.
“Ngaturi mbakyune mbok sik luwih becik. Panjenengan ngono lho. Ora peyan- peyan, ibu nganti bingung.”
“Gaul Buk,”sumaure Sulis melu ngguyu. Mripate kethip-kethip nyawang mbakyune.
“Biyen nalika kangmasmu isih cilik yo ngono kuwi.
Kancane liwat dibengoki,’Het, gak dolen a? Kene lho dolen nyang pinggir omahku,’ Lho, piye to Le? Mosok kancane diajak dolan nyang pinggir omah? Mbok ya diajak mlebu omah wong tamu kok dikongkon nyang pinggir omah.” ngendikane bu Wardaya karo gumujeng.
“Wingi malah lucu Buk. Mas Dedi ngirim sms kancane nganggo basa Jawa tapi sing maca malah bingung.
Anake rak lagi lara kekarone. Dheweke diajak buwuh ora gelem. Isi SMS-se ngene.’sori yo, aku gak isok bowo. Anakku loro loro kabeh.’ Karepe ngono anakku lara karo.”
“Mestine nulis bowo kuwi rak buwuh. Anak loro wis bener, nanging lara sing tegese sakit tetep ditulis lara. Bocah saiki malah akeh sing salah nulis Jawa ya?
Ora ngreken yen diterangake gurune. Rame dhewe.” Bu Wardaya garwane pensiunan guru SD kuwi ngendikan dhewe sajak kuciwa.
“Putuku ya ora bisa basa. Tin, wingi anakmu tak kongkon njupukake lemper sing tak seleh ndhuwur kulkas. Lha kok takon ngene,’Lapo dijupuk. Atene dipangan embah ta?’ Ora srantan tak ciwel pupune. Mosok ngomong karo embahe kaya ngono kuwi. Mesthine rak nganggo tembung dhahar dudu mangan.”
“Diwarahi ta Tin, ben ora kleru.”
“Aku wis gak kurang-kurang,Bu, Niru bapake paling.”
Bu Wardaya gumujeng kelingan nalika Titin pacaran karo pria sing saiki dadi bojone.
“Mas Arya mbiyen nalika pamit mulih matur ngene,’Pak, dalem badhe kondur.’ Bapakmu nganti ndomblong...
“Pancen arek kene, Buk. Dudu wong Mataraman,”pungkase Sulis.
“Ora ngono, Ndhuk. Kudune paham konsep. Yen kanggo awake dhewe ora perlu krama inggil. Krama inggil mung kanggo wong sing luwih tuwa utawa sing luwih diajeni. Ngono wae.”
“Kudune ya’apa,Buk? Ngene tah,’Pak, kula bade wangsul.’?”
“Ya, ngono kuwi. Aja kok awake dhewe dikondur-kondurake.”
“Apamaneh nek ngomong ngene,’Bapak mangga enggal sare, kula siram. Disiram banyu panas sisan,”saute Sulis karo ngguyu.
“Ngono kuwi marga ora nggatekake konsep, dudu kok bocah kene. Bocah kene sing bisa krama inggil ya akeh,” di ngendikane bu Wardaya.
“Anakmu wingi ngirim WA nyang aku, karepe ngono nulis mbah aku titip pundhutna kue lapis. Nulise ngene ‘Mbah, aku tetep tukokno kue lapes’ Nganti bingung aku mikir tembung tetep kuwi apa. Tujune bakule ngerti, karepe titip. Nanging nulise kok ya tetep. Kamangka tetep kuwi surasane rak pancet ta.”
***
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Pembaca Terbanyak
Konflik 50:50 ( Bab ke-2, Tersesat)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50 (Bab I Ketika Undangan Datang )
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50(Bab ke-4, Luka Bima)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Praktik Bikin Lentho yang Gurih Bikin Nagih
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50 (Bab ke-3, Kenangan Masa Kecil)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya

Komentar