Langsung ke konten utama

Sastra, Refleksi, Panduan Praktis, Pembelajaran, Kreasi Kinanthi

BAB 5 Novel Tanpa Jejak Manusia

 Bab 5: Serangan ke Gudang Selatan (Tahun 2147, Perbatasan Zonk Utara – Gudang Selatan) Udara malam menusuk kulit seperti pecahan kaca. Asap dari kamp sudah jauh di belakang, digantikan oleh aroma besi karat dan daging asin yang ditimbun di gudang milik perampok Selatan. S-4091 merayap di antara reruntuhan beton, jantungnya berdetak begitu keras hingga ia takut suara itu akan terdengar oleh musuh. Di sebelahnya, Kuku Hitam merunduk, matanya menyala dalam kegelapan. “Diam, dan lakukan seperti yang kuajarkan,” bisiknya. Gudang itu tak besar—hanya bangunan tua dari zaman sebelum Sistem, dengan atap seng miring dan pintu baja berkarat. Namun, bagi orang Zonk yang kelaparan, itu ibarat istana penuh emas. Mereka menunggu. Lima bayangan lain menyebar di sekitar gudang. Sinyal berupa kepakan burung buatan—sayap dari kaleng bekas—membelah sunyi malam. Itu tanda untuk menyerbu. Kuku Hitam maju lebih dulu. Pisau di tangannya berkilat sebentar sebelum menenggelamkan suara seorang penjaga. S-40...

Bab 2 Novel Jawa

Bab 2




“Mas, ditimbali ibu,” Sulis mbengoki kangmase sing lungguh teras ngopeni ingon-ingone, manuk lovebird.

Dedi sajak aras-arasen mara menyang ngarsane ibune. Wis wancine tunggang gunung. Langit katon semu abang. Sedhela maneh kira-kira candhik ala bakal ngaton ngegla nganti surup. Bocah-cocah cilik sing isih dolanan ana njaba marga mulih saka ngaji, biyasane banjur ditimbali wong tuwane diutus mlebu ngomah. 

Ibune kala-kala isih durung mlebu omah marga nggoleki pitike sing nangga. Nyucuki parine tangga ngiras ninggal telek pisan ing latar. Yen lagi apes telek mau malah kepidak dhewe dening sing nduwe pitik. Sakwise pitike kecekel banjur dilebokake kombong. Sakliyane dijupuki endhoge kanggo lawuh, pitik-pitik mau dibeleh yen pinuju akeh tamu. Dedi banjur mlaku lon-lonan nyedhaki ibune,

“Onok apa se Buk, celuk-celuk aku,” karo lungguh nyang sandhinge ibune. Ibune ndukani,

“Mbok aja dikulinakake. Yen ibu nyeluk kuwi arane nimbali. Mau rak wis diwenehi conto karo Sulis,” ngendikane bu Wardaya.

“Wis lali aku Buk. Iku rak pelajarane arek sekolah. Aku wis gak sekolah kok,” Dedi mbantah karo inguk-inguk teras amarga ana kucing nyedhaki kurungan.

“Kowe suwe ora bali. Wis pirang-pirang dina. Seminggu. Kudune enggal bali, anak bojomu mesthine nggoleki.”

“Lapa digoleki, wong awak ndhewe iki tukaran.”

 “Tukaran kena apa? Jaremu bojomu lagi ngajak anak-anakmu sambang wong tuwane. Kowe ora saguh melu marga maratuwamu cerewet. Wingi bojomu tak telepon jare sambang mung sedina. Lha kowe ana ngomah kene kok wis seminggu ki piye ta critane, Le?”

“Lapa se Buk? Takon ae. Gak oleh ta nek aku moleh mrene?” Dedi semune rada nesu.

“Aja nesu ta. Ibu rak mung ndangu. Apa ya luput? Kowe wis nduwe tanggung jawab saiki. Wis nduwe bojo, malah wis nduwe anak loro. Aja ditinggal pyung kaya ninggal kucing wae. Ibu rak mung ndangu. Ana apa ta?”

Dedi ora enggal mangsuli, malah ndadak ambegan gede kaya kabotan sing disangga.

“Ibuk rak pirsa se bojoku iku cerewet?” Bu Wardaya semune kejot,

“Mosok ta? Biyen kae katone meneng ngono lho.” “Cerewet, Buk. Aku sampek pusing.”

“Pusing kena apa?”

“Aku iki nyambut gawe nyang pabrik rak sistem kontrak. Saiki produksi sepi meh bangkrut, kalah Karo produk luwar negeri. Aku wis ora dikontrak maneh kira-kira wis telung wulan.”

“Bojomu njur nesu ora mbok blanjani?” bu Wardaya semune mesakake mireng sambate putrane.

“Ngapa kowe kok ora matur Ibu?”

“Kate lapa? Mosok aku njaluk duwik nyang ibuk ngono ta?”

“Yo ora ngono. Nanging yen bisa crita mbok menawa sanggane atimu ora kabotan.”

“Gak crita-crita Buk. Wong lanang nduwe masalah ngene iki biyasane malah meneng.”

“Senajan ngono mesthine Kowe matur ibu,” bu Wardaya isih mempeng marga ora tega putrane nandhang susah kaya ngono. Dedi tumungkul karo tangane dolanan asbak.

“Dadi, Kowe mulih mrene iki marga diusir bojomu ta, Le?” bu Wardaya ndangu rada sereng.

“Gak, Buk. Kupingku ae grebegen ngrungokna wong ngomel.”

“Njur karepmu piye?”

“Aku ngono wong lanang nduwe tanggung jawab anak bojo. Aku niyat golek gaweyan. Ora ndang nemu. Aku nyoba niru kancaku, ngingu manuk lovebird asile gedhe tibane. Mumpung booming. Usum-usuman. Mari akik laris saiki manuk lovebird. Bojoku ngomel-ngomel. Jarene ngene,’Gawe apa ngingu manuk iku. Nggarai ngotori omah ae. Nek kena virus malah nular nyang anake,’ Aku kaget dilabrak kaya ngono, dhuwit bayaran biasane mlebu ATM wis digawa dheweke. Aku mung nggawa dhuwit lembur kabeh tak tukokna manuk lha kok malah diclathu.”

“Dheweke nduwe ide apa?”

“Yo gak nduwe ide apa-apa. Ngomel thok karo ngomong sing nyelekit,’Golek kesibukan sing bergengsi sithik ngono lho. Aku nelangsa Buk, ndelok isi dompetku wis kadhung kosong.”

“Mulane, biyen rak wis tak kandhani, nek nduwe kenalan iku ojok sokur ndelok ayune ae. Diajak ngobrol sing seru lan sing sara ngono lho. Aku malah mbok arani iri, mbok arani gak gelem mbok dhisiki rabi. Saiki rasakno Koen,” semprote Titin karo nggendhong anak ragile sing nembe ucul, digoleki nganti mubeng ora ketemu. Jebule ndhoprok nyang sisihe kurungan manuk lovebird karo nggendhong kucing.

“Kangmasmu pancen ngono. Yen ana bocah ayu njur nginthil,” ngendikane bu Wardaya gumujeng.

“Milih bojo mosok yo padha karo milih pacar,”saute Titin karo ndulang anake.

“Aku biyen mosok oleh pacaran karo ibuk. Ujug-ujug dikongkon ndang ngrabi, jarene gak oleh nggawe dulinan anake uwong.”

“Iyo Mas. Nggawe dulinan anake bedhes ae yo gak oleh kok, kena pasal UU perlindungan binatang,” Sulis mangsuli saka njero ruwang tengah karo nyetrika.

“Mulane terus tak rabi. Wong sing tuku lamaran kabeh ya Ibuk ngono lho.”

“Ora ngono ta, Le. Omonganmu saiki kok kasar banget. Tak rungokake wiwit mau, wis lali yen ibu sing nyeluk kuwi tembung sing dipilih kudune ditimbali. Yen ibu tetuku kuwi nganggo tembung ibu mundhut...

“Wis lali kabeh, Buk. Bojoku ngomonge yo ngono kok. Ngongkon anake adus yo ngene,’Dik, ayo ndang iyam’. Akhire aku katut.”

“Peyan pancen ngatutan kok Mas,” Titin maido.

“Jare Peyan katut randha,” Titin nerusake omonge. “Ngono iku rak jenenge ngawur. Randha sapa jenenge?”

“Embuh. Nek gak salah, Dina jenenge.”

“Dina iku lho, kancaku sekolah. Duwe bojo arek iku.Bojone kerja luwar kota.”

“Bojo sampeyan cemburu. Sampeyan kerep nyang omahe Dina jarene.”

“Lha piye maneh. Aku diomeli nalika mulih nggawa ingon-ingon, kerepku mumpung ngingu manuk lovebird lagi booming. Sopo ngerti isok dienggo tambahan blanja. Aku sumpeg terus metu mangan nyang njaba. Ketemu Dina karo bojone pas kebeneran pada andhok mangan sega bebek. Tibane bojone Dina yo duwe ingon-ingon manuk lovebird, terus nawani gak apa-apa didadekna siji nyang kandhange kono ngiras aku isa ngawasi tukang ramute. Nek ditinggal kerja luwar kota gak kepikiran. Dina ya kerja mulih sore. Kandhange ya adoh karo omah indhuk.”

“Jare Peyan gak duwe dhuwit kok isok tuku manuk lovebird akeh?”

“Bojoku karo ngomel-ngomel menehi dhuwit.” 

“Wah, asyik Rek, bagi-bagi Mas,” saute Sulis.

“Ngomel ngene, ‘Lapa nganggur ngingu manuk. Golek kesibukan kana lho. Bisnis kana lho.’ Aku njur ngomong njero ati, kebeneran iki. Tak jawab,’Dhuwit apa sing dienggo. ATM mbok gawa,’ dheweke mangsuli,’Yo wis, njaluk modhal piro? Seket juta ya?’ Lumayan.”

“Asile ketok gak?” Titin takon. 

“Yo wis lumayan.”

“Dhuwite gak mbok balekna ya? Ditagih jawabmu sik durung cair?”

“Iya,”Dedi nyauri karo ngguyu.

“Ojok ngono Mas. Sangune anakmu, mangane anakmu, bojomu apa ya gak mbok ingoni.”

“Sangune wis tak kirimna arek-arek dhewe kok, tak temoni nyang sekolahane. Dhuwit kanggo mangan ya tak transfer.”

“Lha Peyan kok gak mulih?” Titin tansaya dheseg kangmase.

“Males ae. Males nek eling diomeli.” 

“Peyan gak mblanjani ajeg ngono.”

“Lha pancen durung cair dhuwit bisnise.” 

“Sakjane bisnis apa ta ya?” dangune bu Wardaya.

“Bisnis pakan manuk, apa pakan pitik, pakan iwak.Yen crita sing jelas.”

“Malah ngomel Buk nek aku crita bisnis cilik-cilik ngono. Dheweke isin, aku dikongkon bisnis sing bergengsi. Mulane dhuwite tak gawe kulakan manuk lovebird sak pakane. Tak edol, lumayan mlaku.”

“Bojomu nek takon asile bisnise?” 

“Tak jawab durung cair,”

“Nek njaluk duwit blanja?” Titin isih ndheseg onggone nakoni.

“Tak wenehi satus, kadhang rongatus... 

“Walah Mas. Medhite awakmu.”

“Lha sapa sing gak mangkel,”Dedi miwiti crita,”Aku ngisi waktu nyambi nggolek gaweyan maneh, nyoba ngingu manuk lovebird malah diclathu, diwenehi dhuwit dikongkon nggo bisnis. Tak kandhani nek nggo nyoba bisnis kulakan pakan manuk lovebird karo iwak pancingan, ngomel jarene bisnis ngono iki gak level. Ya uwis, tak tampani dhuwite, tak nggo kulakan sak karepku sing penting isok mandhiri. Nek ditagih tak jawab ae durung cair. Nek njaluk dhuwit blanja tak wenehi sak sirku.”

“Ngono iki sing marahi dheweke cemburu karoDina.”

“Lha ya iku. Kok sok weruh ngarani Dina iku randha. Nek krungu bojone rak gak enak ngene iki. Kamangka sing nawani join usaha ngingu manuk lovebird iku ya Dina. Coba kaya Dina ngono, bojone ngingu manuk lovebird gak diomeli, malah melu ndulangi baby bird.”

“Lha karep Peyan ya’apa?”

“Karepku ya gak usah ndikte. Aku wong lanang ya ngerti tanggung jawab. Aku dudu robot sing kena diatur-atur sak karepe dhewe.”

“Sampek kapan Peyan purik ngene iki?” Sulis melu takon.

“Sakkarepku se?” sumaure Dedi rada dhuwur nadhane.

“Gak oleh ta? Iki rak omahe ibuk se.”

“Iya ngerti. Aku mung takon,” Sulis mangsuli melu rada sengol.

“Aja gegeran ta. Ibu ngene iki rak dadi mikir. Diedum apa piye warisan iki, saiki?”

“Ibu aja ngendikan ngono ta,” Dedi ngerih-erih ibune.

“Lho, kudune yo ngono sing bener. Diedum sakdurunge ibu tinggal donya.” ngendikane bu Wardaya karo mlebu omah, sajake nelepon keponakane sing dadi pengacara.

“Sik talah Buk. Aku iki anak lanang sik durung mapan panggonan. Bojoku sisan ya cerewet. Mesthine ibu melu aku. Aku anak lanang kok. Iku kewajibanku.”

“Mesthi ae, Peyan lanang oleh warisan dhobel kok,”Sulis nyauti karo ngguyu.

“Ojok ngamuk Mas. Panas-panas malah rame. Ibu melu aku gak apa-apa yen omahku wis dadi.”

“Ibu ora melu sapa-sapa. Bapakmu ninggali pensiyun cukup kanggo ibu urip dhewe anggere anak ora kerep padu. Sing rukun ben ibu awet ngancani. Apa wis ora gelem dikancani ibu?” Bu Wardaya sajak trenyuh kemutan swargi garwane.

“Wis ngene iki marahi ibu pusing,”aloke Titin sing sakwise njunjung anake karo mlebu kamare. Anake wis turu.

“Ajak crewet-crewet Awakmu mengko nek duwe bojo Lis. Bojomu isok minggat lho,” Dedi nuturi adhine.

“Ya milih sing gak ngamukan kaya Peyan, Mas,”bantahe Sulis karo nyedhaki ibune sing semune rada ngelu.

“Sirahku kok dadi ngelu,”sambate bu Wardaya pinarak nyang teras maneh.

“Aja mikir aneh-aneh ta, Buk. Awak wis tuwa ora gelem dienggo mikir abot-abot.”

“Ora mikir abot. Mung mikir anak iki lho, omah-omah kok sarwa gegeran wae. Setaun kepungkur Sulis pegatan. Saiki gandhengan karo wong sing nggawe atiku ora kepenak. Ora genah juntrunge malah mamerake akehe bandhane. Kowe dhewe yo lagi nesu karo bojomu. Mulane mulih mrene ora enggal bali.”

“Sabar, Buk,”aloke Dedi lungguh njejeri ibune karo mijeti lengene
 

Komentar

Pembaca Terbanyak