Sastra, Refleksi, Panduan Praktis, Pembelajaran, Kreasi Kinanthi
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Bab 3 Novel Jawa
Bab 3 Cakra Manggilingan
“Sabar, Buk. Tekanan dharahe ben ora mumbul.Gawat nek dadi rongatus.”
“Durung nganti rongatus Ibu ambruk, Le. Biasane tekanan darahku mung 110/80.”
“Biyen rabimu gak nganggo sertifikat ya? Diwenehi seminar pranikah gak gelem teka. Pungkasane gagal paham thok ae karo bojone,” Titin nggodha kangmase.
“Pancen biyen durung ana anjuran seminar, Tin. Coba biyen nganggo seminar, aku melu terus, nggolek sertifikat sing akeh, ben diceluk ‘buser’.”
“Buser iku apa?”
“Pemburu sertifikat.”
Bu Wardaya gumujeng kelingan nalika garwane arep daftar dadi guru profesional ben bayarane mundhak. Lumayan mundhake tikel pindhone gaji pokok. Syarate macem-macem, kudu wis melu seminar sing bersertifikat, kudu wis sarjana, mulange kudu paling sithik 24 jam, mulange kudu padha karo jurusane nalika kuliyah.
“Kadhang ben ndang cukup sertifikate, ibu nitipake bapak melu seminar nanging mung mbayar sertifikat thok, nyang kanca-kancane. Aku sing nata-nata ngguyu kemekelen. Mosok sedina ana sertifikat nganti telu, luwar kota kabeh. Sing siji melu Surabaya, sijine melu Semarang, sijine maneh melu Magetan...
“Terus ya’apa?” Dedi melu ngguyu.
“Yo tak buwaki Mas. Sedina nek sekota telu ngono sik pantes. Lha iku telung kota tur adoh-adoh. Ketara nek meksa.”
“Wis pensiyun gak oleh tunjangan profesi ya Buk?”
“Yo wis ora ta. Apamaneh sing makarya bapak. Ibu nampa pensiyun isteri pegawai negeri, isih akeh nalika bapak durung seda.”
“Pira Buk, pensiyune?”
“Takon ae arep njaluk ta?” Sulis njarag kangmase.
“Sori ya. Dhuwitku akeh. Wingi lovebirdku payu telu.”
“Pira ngono iku?”
“Siji payune telung jutaan.”
“Bojomu gak mbok wenehi?” Titin nakoni.
“Wis. Aku nyang kene seminggu, tak transfer satus.” Kabeh pada ngguyu. Bu Wardaya gumujeng nganti mbrebes mili.
“Piye ta Le. Ngono kuwi.”
“Cek kapok Buk. Mosok wong usaha ngene gak oleh. Aku seneng lho ngopeni manuk lovebird ngene iki.”
“Karepe bojomu sing bergengsi.” “Kurang gengsi apa. Aneh-aneh ae.” “Kurang akeh asile.”
“Jare sapa. Dina wingi malah umrah sak keluwarga. Nganggo asile nginggu manuk lovebird.”
“Melu bisnis Viki kono lho. Takon nyang Sulis. Bisnis apa Viki sedinane nganti atusan yuta nganti adhimu kepencut,”ngendikane bu Wardaya semune duka.
“Bisnis apa Lis? Aku gabung oleh a?” Dedi melu-melu.
“Ya embuh Mas. Nek ketemu uwonge ae takona dhewe. Aku gak eruh.”
“Lha gak eruh kok Koen gelem.”
“Selak kudu arep rabi maneh ya? Dedi nerusake olehe nggodha adhine.
“Selak kudu arep rabi maneh apa kepencut dhuwite? Gejebe.”
“Gejebe kuwi apa ta?” Bu Wardaya ndangu. “Gak Jelas Blas.”
“Nek selak kepingin ndang rabi, Roni kae lho."
"Dokter gigi. Nggantheng gak kalah karo Viki."
“Tapi sik durung PNS. Buka praktek durung mesthi oleh pasien,” sumaure Sulis.
“Lha ngono kuwi isok diarani mata dhuwiten.” “Tapi Roni ya boros Buk. Nek ngajak mangan mesthi resto sing larang. Nganti gak duwe tabungan.”
“Yo ora apa-apa ta. Wong kowe ya wis PNS. Kakehan nabung dienggo apa. Nek mati ora digawa.”
“Aku kepingin ndang nduwe omah apik, mobil apik...
“Sak apik-apike mengko mesthine ana sing nduwe luwih apik maneh. Yen wis ngono Kowe banjur ngenes, kepingin golek dhuwit sing akeh maneh, kanggo mbongkar omah didandani sing luwih apik maneh. Mobil diganti sing luwih larang lan anyar maneh. Bojone njur ganti sing luwih ayu maneh, sing isih luwih enom maneh. Tansaya tuwa tansaya ndadra ora ngelingi umure. Nuruti kepenginan kuwi ora ana enteke yen durung dipathoki.”
“Yen dhuwite akeh ya ora apa-apa ya Lis. Viki iku nek mrene mobile gonta- ganti.”
“Pancen makelar mobil ya Lis,” aloke Dedi nyaut omonge Titin.
“Mas, bojomu video call iki lho,”Sulis menehake gawai menyang kangmase.
“Tampanana ae Lis. Takonana njaluk apa?”
“Njaluk dhuwik jarene.”
“Lha rak temen ta? Gak takon kapan aku mulih?
Sing ditakokna dhuwike.”
“Anakmu lho njaluk buku.”
“Takonana Peyan gak kangen ta Mbak?” “Wis tak takoni, Mas.”
“Piye jawabe.”
“Yo kangen uwonge, yo kangen dhuwike.”
“Jawaben ae aku saiki sik dadi kuli nyang Papua.”
“Jare ngene Mas. Lapo wong pinter kok dadi kuli.”
“Molah-malih omonge. Sik cemburu karo Dina, wingi aku digoblog-goblog.”
“Lapa lho kok nganti ngomong ngono.”
“Kira-kira ae rumangsane dheweke luwih pinter tinimbang Dina.”
“Bojomu pencen pinter se Mas.”
“Tapi medhit banget Tin.”
“Lha Peyan ditransfer seket juta kanggo modhal bisnis ngono lho.” Titin nyauri karo ngguyu.
“Iku dhuwitku dewe. Aku dadi bojone patang taun wiwit manten anyar ATM wis digawa. Nek gajiku sewulan10 juta wis pira dhuwikku. Transfer 50 juta ae awakmu heran.”
“Aku gumun yen Meli kelakuwane kaya ngono. Aku ora ngira babar pisan.”
“Ibu se, ndheseg ae aku dikongkon ndang ngrabi ae.”
“Lho, dikongkon. Yen ibu sing ngendikan kuwi tembung sing dienggo, diutus, dudu dikongkon. Lha, bocah wis kerep dolan mrene.”
“Ibuk digawakna lawuh senengane ibuk. Bothok simbukan, bandeng presto. Sambel ijo. Langsung semrinthil nglamar.”
“Ya ora ngono. Aku duwe anak wedok loro isih durung rabi kekarone. Mengko pacare kangmasmu yen ora ndang tak kon ngrabi mundhak kena karma. Aku yo ora mentala yen anakku diklewer kaya ngono.”
“Lapa. Iya nek mrene tak susul ngono. Areke lho mara dhewe. Akeh Buk kanca-kancaku sik kuliyah biyen marani aku nyang kos-kosan.”
“Lha piye maneh. Mara mrene yo langsung munggah mlebu kamarmu. Kowe ya njur ora mudhun-mudhun ana loteng wong loro wiwit esuk nganti lohor. Ibu ngendi sing ora ketir-ketir, piye mengko yen meteng.”
“Meteng yo dudu urusanku Buk. Wong aku gak ngundang. Takokna nyang arek-arek Karang Taruna ta. Nek arek wedok sing marani nyang omahe arek lanang, wong-wong gak ngurus. Tapi nek arek wedok diapeli arek lanang gak ndang mulih, arek-arek kumpul siap-siap nangkep terus dikarak nyang kelurahan. Meli mrene arek-arek rak gak gupuh nangkep. Senajan tau turu kene barang.”
“Lho, iya ta Buk?” Sulis karo Titin nganti kaget.
“Kowe karo Mbak Titin nyang daleme budhe Kediri nalika mbak Wita nikah kae lho.”
“Meli mrene ngono ta?”
“Iya. Turu kamarmu. Mrene bar magrib. Bapak njur dhawuh nyang mas Dedi ben turu njaba. Lha kok semaure ngene.’Iya Pak. Meli lho turu kamare Sulis. Aku turu kamarku dhewe.’ Kamangka panyuwune bapak, mas Dedi kuwi ben turu njaba nyang masjid apa nyang omahe Wendi. Ben aja dadi guneme tangga.”
“Mas Dedi gak manut?”
“Manut. Jarene mengko bengi ae. Tak delok nyang teras isih gitaran karo Wendi. Bapak sare. Ibu yo melu.”
“Mas Dedi gak kira gelem turu omahe Wendi. Bengi-bengi mlebu kamar sing dieggoni Meli turu ya? Bapak duka pungkasane serangan jantung njur seda.” Titin mripate kembeng-kembeng eluh.
“Bapak olehe duka nganti nemen, aku meh dikeplak marga aku mlebu kamare Meli. Aku lho gak lapa-lapa.”
“Masiya gak lapa-lapa, Peyan rak wis diaturi aja turu ngomah. Sik tambeng ae.”
“Aku mlebu kamare Meli diluk ae karepku terus metu turu masjid...
“Terus kebablasan keturon kelonan ngono ta?”
Sulis sengol nyauti. Dedi ngguyu
“Ora ngono. Bapak tindak jedhing. Pirsa sandhalku ana ngarep kamare Meli. Esuke bapak gerah. Serangan jantung.” Mripate Dedi kaca-kaca.
“Mosok bapak serangan jantung marga duka karo aku. Tak kira duka marga Sulis pegatan,”Dedi ngeles karo ngusapi eluhe. Sulis sing dipaido mbales melehake.
“Peyan isok ae nek ngeles. Peyan rabi aku durung rabi ngono se. Paling Meli gak kutangan ya. Kelingan olehmu menthil sik cilik biyen. Maringono ndelok Meli rada wuda awakmu mbingungi kepingin mlebu kamare.”
“Ya gak ngono. Ndelok arek lumah-lumah ae. Aku malah kudu ngguyu kok. Mari tak wenehi kartu nama Dedi, advokat, terus sumrinthil. Lumah-lumah marani aku.”
“Kedosan Kowe. Sliramu pancen Sarjana Hukum. Nanging nalika pesen kartu nama kae sik durung makarya ta?”
“Iseng ae Buk.Tak dum-dumna arek wedok-wedok paling mengko rak nguber-uber. Nganti bingung aku, gupuh kabeh padha gemruduk kaya oknum bonek golek tunutan nyang stadion.”
“Iya saiki adhimu si Sulis kuwi kebales. Diiming-iming mobil gonta-ganti karo Viki, njur sumrinthil sajak ora bisa dielingake.”
“Kebeneran Buk.”
“Kebeneran piye?”
“Sing kena karma tibane Sulis, dudu anak-anakku.”
“Anakmu lanang kabeh. Ibu sing sedhih ngene iki.”
“Ibu se mbiyen sing meksa aku ngrabi Meli.”
“Walah, Peyan yo seneng ngono. Buktine duwe anak loro.”
“Anak iku ya mosok bukti cinta ta, Tin? Awakmu wis duwe bojo mosok gak ngerti.”
“Ya gak ngerti Mas. Aku rumangsa cinta kok karo bojoku,”aloke Titin.
“Sakjane aku yo pasrah wis. Mbokmenawa pancen jodhoku. Tapi suwe-suwe njengkelna. Bareng weruh aku gak kerja dadi advokat, kelakuwane ketok seje.”
“Awakmu kadhung cinta terus ATM mbok wenehna ya. Cocok wis. Ngono jare gak cinta Dul, Dul,”saure Titin.
“Gak ngono Tin. Cek aja kedosan ae. Soale aku mbujuki.”
“Ndang balik lho, mulih kana. Bojomu nggoleki.”
“Emoh. Wingi aku ketemu Ita, kancane sak kantor. Jarene Meli crita duwe kenalan lawyer kerja nyang Amerika. ‘Selingkuh ta, bojomu, Ded’ Ita takon ngeslong ae. Dhasar areke ceplas-ceplos.”
“Peyan kok kenal Ita?"
“Kancaku SMP.”
“Owalah ya. Donya iki tibane pancen sik luwih amba godhong kelor.”
“Temen ta Mas, kenalane iku lawyer nyang Amerika. Aja-aja tukang pijet kerjane nyang Amerika.”
“Embuh. Yo wis ben,” sumaure Dedi pasrah,
”Ben kapok.”
“Saiki pancen lagi booming ingon-ingon manuk lovebird. Biyen yo tau booming ngingu iwak koi, nandur wit gelombang cinta, euforbia, ngalih koleksi akik.”
“Wong-wong sing dhuwite turah-turah ya ngono iku, Tin,”saute Dedi.
“Koleksi mobil, koleksi bojo.”
“Kliwat mainstream ngono iku,”Titin mbantah omonge Dedi,
“Sing seje ngono lho, contone wong Bangladesh, bankir, nganggo konsep kredit mikro, nyilihi usawahan sing gak duwe dhuwit, gak duwe jaminan, sing gak direken nek utang bank umum. Ibu-ibu sing disilihi modhal. Tibane berkembang. Rezekine ibu-ibu sing disilihi modhal dadi tambah. Pungkasane bankir iku mau ,Muhamad Yunus, diwenehi Penghargaan Perdamaian Nobel.” Titin crita karo maca.
“Awakmu guru ekonomi ya critanana muridmu lho,”Dedi mangsuli adhine,
“Arang-arang wong ngono iku Tin. Biyasane nek dhuwite turah-turah ya nambah koleksi bojo.”
“Nek pikirane uwong padha kabeh, bumi gak rame, Mas,” Titin nyaut karo nyandhak sapu, nyaponi godhonge wit pelem gadhung.
“Sakjane mongkog endi ta, bisa tetulung karo rabi maneh?” dangune bu Wardaya nyawang Dedi. Semune mbedheki.
Daftar Isi Novel Basa Jawa Cakramanggilingan
Pembaca Terbanyak
Konflik 50:50 ( Bab ke-2, Tersesat)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50 (Bab I Ketika Undangan Datang )
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50(Bab ke-4, Luka Bima)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Praktik Bikin Lentho yang Gurih Bikin Nagih
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Konflik 50:50 (Bab ke-3, Kenangan Masa Kecil)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya

Komentar