Langsung ke konten utama

Sastra, Refleksi, Panduan Praktis, Pembelajaran, Kreasi Kinanthi

BAB 5 Novel Tanpa Jejak Manusia

 Bab 5: Serangan ke Gudang Selatan (Tahun 2147, Perbatasan Zonk Utara – Gudang Selatan) Udara malam menusuk kulit seperti pecahan kaca. Asap dari kamp sudah jauh di belakang, digantikan oleh aroma besi karat dan daging asin yang ditimbun di gudang milik perampok Selatan. S-4091 merayap di antara reruntuhan beton, jantungnya berdetak begitu keras hingga ia takut suara itu akan terdengar oleh musuh. Di sebelahnya, Kuku Hitam merunduk, matanya menyala dalam kegelapan. “Diam, dan lakukan seperti yang kuajarkan,” bisiknya. Gudang itu tak besar—hanya bangunan tua dari zaman sebelum Sistem, dengan atap seng miring dan pintu baja berkarat. Namun, bagi orang Zonk yang kelaparan, itu ibarat istana penuh emas. Mereka menunggu. Lima bayangan lain menyebar di sekitar gudang. Sinyal berupa kepakan burung buatan—sayap dari kaleng bekas—membelah sunyi malam. Itu tanda untuk menyerbu. Kuku Hitam maju lebih dulu. Pisau di tangannya berkilat sebentar sebelum menenggelamkan suara seorang penjaga. S-40...

Bab 4 Novel Basa Jawa

 

Bab 4 Novel Basa Jawa


“Manut proses penciptaan manusia, ya bangga sing isok tetulung, Buk. Iku watak asline menungsa.”

“Mesthi ae, Mas. Njerone ati luwih tentrem isok tetulung tinimbang pamer bojo akeh, gak kakehan tuntutan tanggung jawab. Bojo akeh mesthine ya perlu dikancani nek lara. Mosok sehat terus, mosok gak ngalem blas. Iya nek nduwe serep ngono gak ngalem gak apa-apa sing penting dhuwit blanja teka.”

“Kena apa wong lanang nganti pengen pamer nduwe bojo akeh?” dangune bu Wardaya.

“Paling ya cek dianggep kuwat Buk. Strong,”saure Titin karo nyikraki larahan.

“Owalah. Pamer menyang sapa ta? Pamer menyang padha lanange mesthine ya wis padha ngertine kekuwatane dhewe-dhewe.”

“Ojok maneh padha lanange. Bapak-bapak yen lagi jagongan karo emak-emak, yen ana wong lanang liwat ngarepe kerep alok ngene. ‘Owalah...lha kok wis kaya meteng ngono pak X iku. Kuwat pirang menit iku’. Ngono iku onok ae emak-emak sing mangsuli,’Potongan ngono iku gak kuwat blas.’ Hehehe. Jarene,"Wong lanang nek kakehan pamer wedokan iku asline nutupi atine sing gak kuwatan. Sing kuwat malah gak pamer wedokan blas."

“Kudu nduwe bukti yen kuwat, Tin. Nduwe anak... 

“Walah, Mas. Sing ngerti bapake anake iku sakjane wong lanang sing ngendi, ya ibune. Wong lanang mosok ngerti nek gak tes DNA. Pokoke apes thok wis. Bathi ditempeli jeneng karo ngingoni thok. Ya’apa- ya’apa sing menang sik wong wedok.”

“Tin, ojok medeni Mas Dedi, cek gak cilik atine,” saute Arya semune melu njarag Dedi.

“Gak ngurus omonge Titin, Yok. Gak ngurus omonge wong wedok. Tiwas digeguyu semut kira-kira isok digoblok-goblok barang, nek sok pamer anak tibane anake wong lanang liya. Nasib, nasib kok apes temen. Ngono Ibu mbiyen kok bangga nduwe anak lanang. Gak mesakna ngene iki. Pamer nduwe bojo akeh dicurigani aja-aja sakjane ngono wis gak kuwat blas. Pamer anak dicurigani aja-aja anake wong lanang liya. Nasib kok apes temen,”Dedi karo ndemek bathuke.

“Lho, piye ta. Ibu pancen kepingin nduwe anak mbarep lanang. Ibu ya mesthi wae bangga ta, Le. Yen nganti kapusan wong wadon rak ya salahmu dhewe. Saka kurang ati-atine. Waton ayu mbok kabruk ngono wae. Pungkasane kapusan. Ben ora sumelang pancen niru Muhammad Yunus kuwi, nampa Hadiah Nobel. Padha-padha bisa mongkog lan pamer, luwih marem pamer Nobel.”

“Ya seje, Buk, rasane. Nduwe bojo akeh yo nyamleng. Uenaak.”

“Nyamleng lan enaak maneh yen nduwe anak akeh, Mas. Mesisan,”saute Titin karo nglebokake larahan menyang tong ing ngarep pager. Dedi ora sumaur marga isih nyebul rokoke.

*****************

“Nganti kapan Kowe nesu ngene iki?” bu Wardaya ndangu putrane nalika mangan bareng ana meja makan.

“Ya embuh Buk. Sik gak mikir,” sumaure Dedi.

“Aku biyen karo bojoku ya diuji, tapi biyen sakdurunge nikah,”critane Titin.

“Ujug-ujug ana wong mertamu, nggawa kartu nama nganggo titel akeh, jangkep kaya bumbu jangkep kanggo masak jangan lodheh.”

“Mestine mertamu rak ana sing digoleki,”pitakone Dedi.

“Ya ngakune nggoleki alamate pacarku sing saiki dadi bojoku.”

“Tak kandhani nek salah alamat, tapi wonge wis kadhung lungguh. Njerone ati kebenaran, aku pas nulis skripsi ana profesor kesasar. Nanging kok ya aneh lho, tak takoni A dijawab B, aku takon C dijawab D. Tak delok nyang teras Arya ngguya-ngguyu, wonge terus diajak metu.”

“Kok aneh? Kancane ta?”

“Pancen wong mari metu saka Rumah Sakit Jiwa, dulure kancane. Kartu namane wong liya dicekelna kira-kira ae.”

“Lapa disasarna mrene?”

“Kelakuwane arek-arek iku. Jare aku diuji. Saumpama aku katut ndelok titel sing uakeh nyang kartu nama mau, wassalam. Aku dianggep selingkuh.”

“Awakmu katut?” Titin ngguyu,

“Lapa katut. Wis nduwe calon bojo kok. Karomaneh wong diajak ngomong gak nyambung tibane wong rada edan.”

“Aneh-aneh ae,”aloke Sulis semune mangkel.

“Mulane awakmu ya kudu ngati-ati, aja-aja mobil gonta-ganti sing digawa Viki iku dudu mobile dhewe.”

“Aku gak pantes ta Rek, nek disir wong sugih,”saure Sulis rada nesu.

“Ya pantes wae, nanging aja njur gampang ngamplok. Wong ya isih durung jelas juntrunge. Ngono kuwi jenenge gumunan,” ibune mangsuli.

“Mosok wong ayu gak oleh dijual mahal?” Sulis mlerok karo nyendhok segane.

“Ayune marga apa? Nek ayu dhasar ayu saka lair rak gak mbandhani se?” saure Dedi.

“Wong ayu ya bandha Mas. Nek gak bandha ya dadi elek.”

“Gak ngonone se, iki golek bojo apa juwal beli? Mosok gak ana empati blas.”

“Gak ngurus, pokoke aku ben dadi ayu tak bandhani kok. Viki marani aku gonta-ganti mobil rak yo wis sakpantese.”

“Awakmu biyen tinimbang dhuwitmu mbok gawe dandan ben katon ayu, mbok dienggo tuku mobil dhewe.”

“Walah, Vita tuku mobil dhewe ya malah digawa mlayu karo bojone. Luwih becik dhuwit digawe dandan sing ayu, ben diuber wong sugih.”

“Lapa bojone Vita nggawa mlayu mobile Vita?”

“Yo meksa ae. Alasane apa? Nek karepe dhewe tak kira ora. Paling-paling ana sindhikat sing ndhikte.”

“Lapa kok didhikte.”

“Rak gak umum ana wong wedok kaya Vita.” “Owalah, mbok ojok curiga elek-elek nyang wong liya ta. Nganti ngarani ana sindhikat sing ndhikte,”ngendikane bu Wardaya sareh,”Anggep wae Vita karo bojone wis entek jejodhowane saka pokal gawene bojone sing kaya ngono mau.”

“Tapi aku kok sik penasaran Buk.”

“Ya jajalen kono, Kowe rabi karo Viki. Aku kok ya kepingin weruh piye pungkasane,”sumaure Titin. Bu Wardaya nyawang tajem menyang Titin prasasat ora lila

“Aja marahi adhine dadi edan ta. Wong wis ana pengalaman ora genah sing dilakoni Vita ngono kok, dibaleni maneh. Meli ya ditinggal minggat Dedi gegara kesengsem advokat,”ngendikane bu Wardaya.

“Sakjane ibuk gak setuju iku apa se Buk, sebabe,” Sulis sajak durung mudheng.

“Dudu kok ora setuju ngono, Ndhuk. Kowe ora usah katon kemrungsung sajake seneng banget ndeleng Viki mobile gonta-ganti.Wong ya durung tepung suwe.”


Sebelumnya (Bab 3)


Daftar Isi Novel Basa Jawa Cakramanggilingan 




Komentar

Pembaca Terbanyak